Senin, 27 Agustus 2012

Rowo Pening

Ngasem yaiku salah siwijining desa ing wilayah Kecamatan Ambarawa. Ing desa Ngasem biyen ana pasraman utawa pandhepokan kang ngajarake olah batin utawa nyedakake awak marang Gusti Kang Maha Agung lan olah kanuragan gawe jaga awak supaya tetep sehat. uga bisa digunakake gawe sarana bela diri.
Padhepokan ing Ngasem nduweni daya tarik dening masyarakat sekitare. Gawe sarana nuntut ilmu kanggo bekal urip ing donya lan akhirat. Kahanan ing padhepokan Ngasem ayem tentrem gawe wong-wong kang padha manggon ing kono padha krasan.
Kabeh “Puthut” (murid lanang) utawa “Endang” (murid wedok) krasa bungah entuk bimbingan saka guru kang jenengane Salokantara. Dheweke salah siwijine guru kang bijak lan nguwasai kabeh ilmu kang dibutukake ing donya lan akhirat.
Sawijining dina Ni Endang Ariwulan kang nduweni rupa ayu bingung nggoleki peso kanggo nyigar pinang. Wis digoleki mrana-mrene nanging tetep ora ketemu, kamangka isih akeh gawean kang kudu dirampungake. Kepeksane ora ketemu, Ariwulan diwani-wanikake nyileh peso simpenane Ki Hajar Salokantara kanggo nyigar pinang, gawe ramuan sesajen kang arep disiapake kanggo mengko bengi.
Ki Hajar kaget krungu panyuwunne Ariwulan. Nanging Ki Hajar tetep  nyilehake peso simpenane kanthi weling,
“peso iki peso simpenanku kang arang banget tak gunakake, kowe kudu ati-ati aja nganti keliru olehmu gunakake. Peso iki aja nganti kok selehake ana pankonmu.”
Sawise ngiyani pesene Ki Hajar, Ariwulan nampani pesone lan digunakake kanggo nyigar pinang. Saking akehe gawean Ariwulan lali nyelehake peso ana ing pangkone. Peso mau ujug-ujug ilang.
Ni Endang Ariwulan wedi lan ndhredheg. Dheweke banjur ngadhep lan matur marang Ki Hajar Salokantara,
 “kula nyuwun pangapunten Ki Hajar, kula kesupen marang welingipun Ki Hajar. Kula ndekekaken peso wau wonten pangkon kula.”
Ki Hajar Salokantara meneng sauntara, nanging atine kepengin nesu lan pengen ngamuk. Sawise ambegan dawa, rasa pengin nesu lan pengin ngamuk mau rada ilang.
“Ariwulan….saiki terusana wae gaweanmu supaya cepet rampung” kandane Ki Hajar kanthi sareh.
“Boten Ki….kula sampun nglalikaken welingipun Ki Hajar. Mangga panjenengan ngukum kula Ki…”
Nanging ndelokake kejujuran Ni Endang Ariwulan, Ki Hajar ora tegel ngukum. Acara ritual kang biasa dilakoni ing Desa Ngasem kanthi ngundang para warga klakon kanthi lancar lan hikmad ora ana alangan apa-apa.
Let pirang dina Desa Ngasem gempar amarga ana kabar yen Ariwulan meteng. Saya suwe wetenge Ariwulan saya gedhe. Ki Hajar Salokantara banjur  ngundang Endang Ariwulan.       
     “Ariwulan reneya”
    “Inggih Ki…..”
    “Wulan….aku ora arep nyeneni kowe, nanging ana sing arep tak     omongke karo kowe. Kaping pisan, aku duwe niat arep tapa brata ing gunung Telamaya. Kaping pindho, iki gentha utawa klinthingan gawanen, moga-moga besuk bisa kanggo gawe anak sing lagi ana ing wetengmu saiki.”
    “Ki Hajar, menapa kula angsal dherek?”
    “Ora usah….kowe tetep ana kene wae ing Desa Ngasem kene. Sabar lan tetep donga marang Gusti supaya tetep tabah lan kuat ngadhepi cobaan ing donya iki.”
    Ki Hajar Salokantara banjur mangkat ing gunung Telamaya. Ariwulan sedih banget amarga ditinggal Ki Hajar.
    Sawijining dina Ariwulan nglairake anak. Warga Ngasem padha geger amarga ngerti yen Endang Ariwulan ora nglairake jabang bocah nanging jabang naga. Kahanan sansaya gempar amarga jabang naga mau bisa nangis lan ngomong kaya manungsa. Warga padha ngece marang Ariwulan. Nanging Ariwulan tetep sabar lan tabah ngadhepi kabeh mau.
    Senadyan wujud lan kahanane anake beda karo liya-liyane, “wingka katon kencana.” Anak kang awujud naga mau tetep dirumati lan digemateni. Nalika gedhe, warga desa Ngasem padha ngece anake Ariwulan. Omongane warga marakake panase kuping. Anake diunekake anak haram, anak jadah sing bapake ora jelas lan sapanunggalane.
    Sang Naga banjur takon marang ibune, “Bu,sabenere sinten asmanipun bapak kula lan sakmenika wonten pundi?”
    Ariwulan banjur cerita, “Bapakmu dudu wong sembarangan, bapakmu yaiku Ki Hajar Salokantara. Bapakmu saiki lagi tapa brata ana gunung Telamaya”
    “Menawi mekaten punapa kula angsal mrika, Bu.”
    “Mengko disek ngger, yen pancen kowe kepengin ketemu tenan karo bapakmu, gentha utawa klinthingan iki gawanen ngger….weruhna bapakmu.”
    “Lha wonten punapa Bu, kok kula kedah beta gentha utawa klinthingan niki?”
    “Kuwi biyen sing menehi bapakmu, gawana lan weruhake. Wektu ing dalan mengko gentha utawa klinthingan iki kerep-kerep unekake.”
    Sang Naga banjur pamit lan njaluk restune ibune arep goleki bapake.     Ibune pesen marang sang naga, “ngger, kowe lewat dalan banyu wae supaya lakumu cepet tekan.”
    “Inggih, Bu”
Ariwulan ngetutake anake saka kadohan. Supaya anake ora ngerti yen ditutake.
    Lakune Sang Naga ing Desa Ngasem nglewati kali yaiku Kali Panjang. Sawise mlaku adoh banget, Sang Naga leren ing ngisor watu jenenge Watu Sisik. Nyambi leren Sang Naga tapa supaya cepet klakon apa kang dituju. Lelakune diterusake maneh nganti tekan “Ngambah Rawa” utawa nglewati rawa-rawa. Sawise kuwi Sang Naga nglewati Kaligung. Sang naga kesel lan leren maneh ing watu jenenge Selo Gombak (sebelah wetane Desa Dengkel).
    Ing lelakune lan pangembarane, gentha utawa klinthingane diunekake terus kanggo nambani rasa kangene marang ibune lan supaya bapake krungu menawa bapake ana ing sekitare dheweke. Warga desa kang dilewati Sang Naga dadi geger krungu swara klinthingan. Sawise padha digoleki jebule suara kuwi asale saka kali lan saka ula gedhe utawa naga kang nggunakake klinthingan ing kuping (sumping). Amarga kuwi Sang Naga dikenal dadi Bra Klinthing. Sing akhire dikenal dadi Baru Klinthing.
    Pirang-pirang taun suwene Sang Naga nggoleki bapake nanging tetep ora ketemu. Baru Klinthing nesu lan wis wegah nggoleki bapake maneh. Nanging wektu kahanan kaya ngana  kuwi Baru Klinthing rada-rada krungu swara “kidung”. Suara kuwi jebule swarane Ariwulan, ibune Baru Klinthing.
    Baru Klinthing semangat maneh nggoleki bapakke. Saka Selo Gombak Baru Klinthing nglewati dalan darat utawa lemah munggah gunung Telamaya goleki pertapane Ki Hajar Salokantara.
    Saka kadohan Ariwulan ngerti yen anake wis nemukake pertapane bapake. Ariwulan banjur medhun lan manggon ing salah siwijining desa yaiku Desa Sepakung. Amarga rupane Ariwulan kang ayu banget, ing Desa Sepakung dadi omongan warga. Ariwulan milih manggon ing cedhak sendhang. Saya suwe rupane Ariwulan saya ayu. Para warga khususe sing wadon-wadon padha kepengin kenal akrab marang Ariwulan lan padha kepengin melu adus lan semedi ing pinggir sendhang. Kaya sing dilakoni Ariwulan. Sendhang kuwi banjur dijenengi sendhang Ariwulan.
    Ing pertapan Telamaya, Ki Hajar Salokantara kaget amarga weruh naga ana ngarepane. Naga mau nundhuk-nundhuk kaya-kaya ngormati Ki Hajar.     Naga mau ngomong marang Ki Hajar Salokantara, “Ki….napa kula angsal tangklet?”
    Ki Hajar Salokantara sawise krungu suara mau kaget banjur ngadeg, “apa bener kowe sing ngomong?”
    “Inggih Ki, kula badhe tangklet kaliyan panjenengan?”
    “O…”
    Ki Hajar Salokantara banjur nangis lan sawise tenang banjur nakoni maneh naga mau, “hai taksaka Gung, arep takon apa?”
    “Saderengipun nyuwun pangapunten nggih, sampun ngageti panjenengan.”
    “Ora, ora…. Kowe ora salah kok. Apa sing arep kok takokake marang aku?”
    “Napa leres mriki dhaerah gunung Telamaya?”
    “Iya bener ngger, kene Gunung Telamaya”
    “Ingkang dipun sebat pertapan gunung Telamaya punika pundi, Ki?”
    “Pertapan Telamaya kuwi ya kene iki, ana perlu apa ngger goleki pertapan Telamaya?”
    “Napa leres panjenengan ingkang asamipun Ki Hajar Salokantara?”
    “Iya ngger …lha kowe kok bisa ngerti jenengku dikandani sapa?”
    “Dados panjenengan leres Ki Hajar Salokantara?”
    “Iya ngger kowe ora keliru.”
    “Menawi ngoten panjenengan tiyang sepuh kula…panjenengan bapak kula, Ki.”
    Baru Klinthing bungah banget bisa nemukake bapake. Banjur Baru Klinthing nundhuk-nundhukake sirahe.
    “Sek ngger, kowe kok bisa ngaku-ngaku dadi anakku ki kepriye ceritane?”
    “Nggih pak, kula pancen putranipun panjenengan.”
    “Yen pancen bener kowe ki anakku, sapa jenenge ibumu lan manggone ana ngendi?”
    “Ibu asmanipun Ariwulan, lan manggen wonten Desa Ngasem.”
    “Kowe aja tambah ngapusi aku, ngaku-ngaku anake Ariwulan, kowe ngerti Ariwulan ki sapa?”
    “Ariwulan menika murid padhepokan Ngasem.”
    “Bener ngger, kowe mrene iki apa sing menehi ngerti ibumu ngger ?”
    “Inggih pak, kula diparingi gentha utawa klinthingan niki supados ditinggalaken dhateng bapak kagem prathanda menawi kula menika leres putranipun panjenengan.”
    Ndelokake gentha utawa klinthingan mau, Ki Hajar kelingan rikala jaman biyen. Ki Hajar sedhih banget, apa maneh anakke Ariwulan awujud naga. Ki Hajar ora bisa mbayangake kaya ngapa nelangsane lan susahe Ariwulan sawise ditinggal dheweke. Atine nggregel lan nangis mbayangake pangorbanan kang gedhe lan tulus saka ibu marang anakke, sanajan anakke awujud naga.
    “Ngger…senadyan kowe bisa nggawa klinthingan iki, kang biyen tak wenehake ibumu Ariwulan, kuwi durung cukup ngger….ing donya iki ora ana kang kaleksanan kekarepane tanpa pangorbanan. Kabeh kuwi kudu ana tebusane. Tebusan sing tak jaluk yaiku “laku”. Yen pancen kowe bener-bener anakku lan ibumu jenenge Ariwulan murid padhepokan Ngasem, mestine kowe ngerti kang diarani “laku larak brata”. Kowe tapanen ngger…!!!”
    “Laku napa ingkang kedah kula laksanakaken?”
    “Sisih lor kana kae ana Gunung Kendhil. Tapa bratana ana kana. Ubengana utawa nglekerana gunung kae nganti tepung gelang.”
    Baru Klinthing banjur nglaksanakake prentahe Ki Hajar Salokantara supaya dheweke bisa diakoni anak. Ki Hajar Salokantara ngetutake saka mburi. Baru Klinthing ngubengi Gunung kendhil mau. Jebule antarane sirah lan buntut ora bisa gathuk utawa durung tepung gelang, isih kurang sakilan. Baru Klinthing nyiasati meletake ilate supaya gathuk karo buntute. Ki Hajar Salokantara weruh banjur ilate Baru Klinthing dikethok.
“Ngger, kowe ora entuk nutupi kekuranganmu nganggo ilatmu kuwi. Ngertiya ngger…ilatmu kuwi pusaka sing paling hebat ora ana tandingane. Wong Jawa ngomong
ilat jembare mung sawelat
nanging darbe khasiyat
yen pinuju nuju prana
bisa hamemikat
yen tan pener
bisa gawe getering jagad
saiki terusake maneh anggonmu tapa nganti apa kang dadi panyuwunku keturutan.”
Tugelan ilate Baru Klinthing digawa Ki Hajar lan didadekake tombak jenengane “Kyai Baru Kuping”.
    Wis pirang-pirang taun olehe Baru Klinthing tapa. Nganti awake Baru Klinthing ora ketok maneh. Awake nganti lumuten lan wes akeh wit-witan kang thukul lan wis gedhe-gedhe.
    Ni Endang Ariwulan kanthi sabar nunggoni Baru Klinthing tapa. Ibune mung bisa ndonga marang Gusti supaya apa sing dadi panyuwune Baru Klinthing cepet kaleksanan.
    Sawijing dina Ariwulan weruh Ki Hajar Salokantara nemoni dheweke.     Ariwulan banjur ngaturake sembah marang ki Hajar, “wonten napa Ki Hajar rawuh mriki?”
    “Wulan…aku kepengin ngerti kahananmu saiki.”
    “Matur Sembah nuwun Ki, kula sehat-sehat mawon. Wonten mriki tangga tepalihipun sampun kados keluarga piyambak. Sami sae sedaya kok, Ki. Kathah ibu-ibu lan lare-lare wadon ingkang asring mriki badhe ndherek siram wonten sendhang niki.”
    “Yo syukur yen ngana, kowe ora usah sewu-suwe manggon ana kene amarga anakmu Baru Klinthing wis arep bebas. Kowe mudhuna dhisik meyang Desa Pathok. Kanthi laku “tapa ngrame” kanggo sarana methuk anakmu kang wus dadi manungsa sempurna.”
    Ariwulan bungah banget krungu kabar saka Ki Hajar Salokantara. Ariwulan banjur cepet-cepet mudhun ninggalake Desa Sepakung tumuju Desa Pathok.
    Desa Pathok kalebu wilayah perdhikan kabuyutan Banyubiru. Ing Desa kang loh jinawi iki wargane padha makmur, kabeh kebutuhan kecukupan. Nanging ing kono wargane ora padha duwe rasa syukur marang Gusti malah isih padha takabur. Pakulinan kang ora apik miturut agama isih wae dilakoni. Contone ngombe arak, maen kertu, ledhekan lan sakpanunggalane.
    Desa Pathok arep ngadhakake pesta sawise panen. Warga padha repot dhewe-dhewe kanggo nyiapake pesta. Ana kang ngresiki lan nata banjar desa. Nonomane padga nggolek kewan ana alas. Wis sedina nonoman ana alas nanging ora entuk apa-apa. Nonoman banjur padha leren amarga padha ngeleh lan ngelak. Nyambi padha lungguhan lan guneman pakulinan mamah suruh ora dilalekake. Nanging wektu arep nyigar pinang kanggo ramuan mamah suruh, nanging ora ana panggonan kanggo landhesan. Banjur salah siwijine nonoman mau nggolek landhesan. Dheweke nemokake kayu kang warnane ireng banget lan katon tuwa banget. Pinang mau disigar ana dhuwur kayu. Ora nyana kayu kang gawe nyigar pinang mau ngetokake getih. Dheweke banjur mbacok-mbacok kayu mau. Kancane kabeh padha diundang amarga dheweke percaya getih mau metu saka awake kewan. Kewan kuwi jebule ula gedhe kang ngubengi gunung ora liya yaiku Baru Klinthing.
    Nonoman mau padha bungah lan cepet-cepet nggawa dhaging kewan mau meyang banjar. Wektu wong-wong padha repot ngurusi dhaging mau, ana salah siwijine nonoman kang ngetutake tekan banjar. Rupane bagus lan gagah nanging awake katon reget banget. Nom-noman mau jelmaane Baru Klinthing.
    Ing banjar, desa warga padha ngaso lan padha mangan. Nonoman mau nyedhak lan arep njaluk mangan, nanging ora ana sing gelem menehi.
    “Nuwun sewu, punapa kula angsal nyuwun maeme?”
    “Ora entuk, kana lunga !!!”
    “Kula ngelih pak, nyuwun  sekedhik mawon…”
    “Kowe krungu apa ora !!! Neng kene ora nggone wong gembel lan wong ngemis kaya kowe. Kana lunga ! marake ora napsu mangan. Yen ora lunga-lunga tak gebugi.”
    Nonoman mau mung meneng lan isih tetep ana kana.
    “Kanca-kanca ayo usir wong kuwi lan gebugi bareng-bareng wae!”
    Nnoman mau akhire lunga ninggalake banjar.
    Kendurenan lan pesta wis mulai ing plataran banjar. Lanang, wadon, nom, tuwa, gedhe lan cilik padha kumpul kabeh. Padha mangan bareng-bareng. Kahanane rame banget. Kahanan sansaya rame sawise gamelan mulai dithuthuk.
    Beda ceritane karo wong tuwa kang lagi ngadhuk sega ana ing salah siwijining gubug ing pojokan desa. Dheweke krasa mesakake sawise weruh ana nonoman bagus lan gagah nanging katon reget lan lemes njaluk pangan.
    “Mbok, punapa kula angsal nyuwun maeme, kula sampun ngelih sanget?”
    “ O….mrene-mrene mlebu dhisik ngger lan lungguha neng klasa kana!”
    “Inggih, mbok matur suwun.”
    Nonoman mau banjur diwenehi mangan karo mbok tuwa mau. Mbok tuwa iku jebule Ni Endang Ariwulan.
    “Ngger, jenengmu sapa lan omahmu ngendi?”
    “Tiyang-tiyang sami ngundang kula Jaka Badung mbok, kula saking gunung Telamaya”
    “Apa….!!! Jaka Badung saka Telamaya?”
    “Inggih mbok, wonten punapa mbok kok sajakke kaget ?”
    “Ora…. ora kok, ngger”
    Ariwulan kelingan omongane Ki Hajar Salokantara, dheweke mbatin, “ apa iki anakku”
    Mbok tuwa mau nangis.
    “Wonten napa mbok kok panjenengan nangis?”
    “Ora ana apa-apa, ngger…”
    “Mbok desa mriki niki naminipun desa napa lan kok wonten rame-rame wonten mrika niku napa ta mbok?”
    “Desa iki jenenge Desa pathok, rame-rame ana kana kae yaiku para warga desa padha pesta ngrayakake bubar panen gedhe lan tiap taune ana kaya ngono kae.”
    “Lemah wonten mriki subur sanget nggih mbok, tiyang-tiyang sami panen kathah nggih mbok?”
    “Iya ngger, wong-wong kene ki padha sugih-sugih kejaba simbok iki.     Saben dina mung mangan sega sithik, yen wis kenteken sega yo mangan tela. Kadhang simbok malah ora mangan, ngger…”
    “Simbok piyambakan wonten mriki ?”
    “Iya, ngger…”
Sakbubare mangan lan guneman karo simbok, Jaka Badung pamitan lan pesen marang simbok, “mbok, kula badhe ningali rame-rame ing banjar desa, menawi mangke mireng swara gemrudug saking arah banjar, simbok mang numpak lesung lan mbeta enthong niki. Sampun nggih mbok kula pamit rumiyin.”
    Jaka Badung tumuju ing banjar desa. Dheweke arep njaluk panganan nanging ora diwenehi malah diece lan diusir.
    Jaka Badung nesu lan ndudut sada saka pinggange banjur ditancepake sada mau ing plataran banjar.
    “Sapa sing bisa njabut sada iki berarti pancen kuat tenan, prakosa lan sekti mandraguna. Bakal tak sembah ping pitu lan aku uga bakal lunga saka kene.”
    Kabeh wong sing ana kana wis njajal njabut sada mau, nanging siji-sijia ora ana sing bisa njabut. Akhire Jaka Badung dhewe sing njabut. Sabubare sada mau dijabut suara gluduk nyamber-nyamber, bumi gonjang-ganjing, bendhungane padha jebol lan banjir bandang. Kabeh bangunan sak isine padha keli.
    Lemah kang nemplek ing sapucuking sada sing dikipatke marang Jaka Badung mencelat ngalor lan dadi bukit jenenge Kendhaling Sada utawa Kendhalisada.
    Krungu suara gemrudug saka arah banjar, simbok langsung numpaki lesung lan nggawa enthong kanggo dhayung. Saya suwe banyu saya dhuwur lan saya deres. Simbok mau nangis kelingan omongane anake, “Ibu, geni salumahing bumi, bisa weh pepadhang lan pepati.”
    Saiki ana sawijining tlaga bening kang bisa gawe ngaca lan bisa menehi kauripan anyar. Tlaga iku yaiku RAWA BENING utawa RAWA PENING.



By setyo kridho

Kanjeng Sunan KUDUS

Sunan Kudus kuwi asline ora saka Kudus. Dheweke teka saka Jipang Pamelang (ana sing  ngarani sisih lor Bloro), adone 25  kilometer  saka arah  kulan kutha Kudus,  Jawa Tengah.  Ing kono  dheweke dilahirake,  lan diwenehi jeneng Ja’far Shodiq. Dheweke yaiku ana saka Sunan Udung utawa Raden Ja’far Shodiq. Dheweke yaiku anak saka sunan undung  utawa (Raden Usman Haji) karo Syarifah, putune Sunan Ampel. Samangso  kesuwure Sultan Undung kesuwur Panglima Perang sang gagah.
Nganti sauntara wektu, Sunan Undung mati sajerone perang antarane Demak lan Majapahit. Sawise iku, Ja’far Shodiq  nganti palungguhane bapake. Tugas sing paling baku yaiku ngalahke laladan Kraton Majapahit kanggo ngambakake panguwasa Demak. Kasunyatan Ja’far Shodiq bisa mboktekake ing laladan perang, ora kalah saka kepinterane bapake
Ja’far Sodiq kasil ngembangake Kerajaaan Demak, nganti tekan Madura, lan tekan sisih  kulon nganti Cirebon.
Ja’far Shodiq kelakon sembarake  laladan Kraton Demak, Megetan  nganti Madura, lan ngulon  nganti Cirebon. Kasil iki banjur nyebabake macem-macem crita kadigdayane Ja’far Shodiq.  Contone sadurunge perang Ja’far Shodiq diwenehi  badhong  bangsane rompi karo Sunan Gunung Jati. Badhong iku di gowo mubeng-mubeng  sajerone perang.
                “Ngger enggone badong iki kanggo ngayomi awakmu yen kowe perang,” kandane sunan Gunung Jati.
Iki badhong sekti ojo nganti  bodong  iki kok ilangake  iki badhong wasiat, mengko saben kowe nggunakake badhong iki  mesthi bakal ana keajaiban  sing kodelok.
                “Inggih matur nuwun  Sunan, kula badhe ngginakake badhong punika kanthi  sae  lan badhe kula rumat. Kula nyuwun  pamit saha nyuwun pangestune Sunan Gunung Jati, supados anggenipun kula kesah diparingi  keselametan.”
                “Iya, tak  pangestuni ngger, sing ngati-ati,” Ja’far Sodiq langsung lunga.
                Kadigdayane  saka badhong iku banjur metu  mayuto-yuto tikus, sing uga kasunyatan digdaya. Yen digebug, tikus iku ora  malah mati, nanging saya ngamuk sakarepe dhewe. Bala tentara Majapahit  wedi mlayu sipat kuping, dhewe uga duwe sawijine pethi sing mati diantup tawon. Sing mesthi pimpinan pasukan majapahit Adipati Tenung, nyerah karo pasukan Ja’far Sodiq. Sabubare perang, Ja’far Shodiq ngawini anake Tenung, sing akhire duwe anak wolu.
                “Ja’far Sodiq dakakoni pancen kowe sekti, aku nyerah,” kandhane Adipati Terung marang Ja’far Sodiq. Aku duwe hadiah kanggo kowe. Apa kowe gelem dakkawinke karo anakku? Anakku ayu lan pinter.
                “Inggih, kula purun. Putrane panjenengan punapa purun kaliyan kula?”
                “Anakku mesthi gelem, lha wong anakku kuwi bocahe nurut marang aku.”
                Bareng tekan kratone Adipati Tenung ngomong karo anake.
                “Nduk, kowe kuwi wis gede, wes wayahe awakmu mbangun bale wisma,” kandhane Adipati Tenung marang anake.
                “Pepengine rama, kula enggal-enggal krama ngater?”
                “Iya, aku wis nemu jodho kanggo kowe, wong gagah, bagus, sekti lan nduwe sopan santun kang apik.”
                “Inggih rama, kula manut kaliyan rama kemawon, pundi ingkang sae kagem kula.”
                Akhire Ja’far Shadiq kawin karo putrane Adipati Tenung.
                Asile ngalahake Majapahit, Ja’far Sodiq saya kuat. Deweke entuk tugas kanggo ngalahake Adipati Handayaningrat, sing duwe niat nyerang Kerajaan Demak. Adipati Handayaningrat kaya dene pangkat sing dinggo Kebo Kenanga, panguwasa laladan pengging, wilayah Boyolali lan sakiwa tengene.
                Kebo Kenanga nduweni niat ngedekake negara dhewe karo ki Ageng Tingkir. Kekarone kuwi pendhereke Syekh Siti Jenar, sawijining guru sing mulang urip model suti. Kebo Kenanga lan Tingkir digambarake kaya dene dulur seperjuangan, sing padha sayange kaya dene dulur kandhung.
                Tandha-tandha mbalela kebo kenanga saya katon wektu dheweke mbangkang karo Raja Demak, Adipati Bintara utawa sing luwih kesuwur ajejuluk Raden Patah. Layang undangan sing digawe Raden Patah ditelantarake Kebo Kenanga nganti telung taun. Mula Raden Patah mutusake ngalahake mbalelane Kebo Kenanga iku.
                “Aku emoh ngadep Adipati Bintara,” kandhane Kebo Kenanga.
                “Aku arep ngedekake negara dewe karo ki Ageng Tingkir.”
                “Nganti salawase aku ora bakal ngadep Adipati Bintara.”
                “Wis nganti telung taun Kebo Keananga ora ngadep aku,” ngendikane Raden Patah.
                “Aku wis pasrah, yen ngene iku aku mutusake balelane Kebo Kenanga.”
                Raden Patah mrentah Ja’far Sodiq ngerem-ngerem Kebo Kenanga. Sak jroning perang, Kebo Kenanga mati, ananging kadigdayane Ja’far Sodiq panglima perang suwe-suwe lingsem. Nganti ancang-ancang pindhahe ing Kudus, Ja’far Sodiq wis ora dadi panglima perang ananging dadi penghulu masjid ing Demak.
                “Awakmu dakwenehi tugas ngerem-erem Kebo Kenanga,” kandhane Raden Patah marang Ja’far Sodiq.
                “Inggih sendika dauh Raden.”
                Ja’far Sodiq lunga marani Kebo Kenanga ananging Kebo Kenanga ora bisa diomongi kanthi alus. Ja’far Sodiq uga ngladeni kekarepane Kebo Kenanga. Kebo Kenanga kalah deweke mati ing medan perang.
                Sak lungane Ja’far Sodiq saka Demak, ana pangira Ja’far Sodiq salah paham karo Raja Demak. Menawa wae Ja’far Sodiq salah paham karo Sunan Kalijaga. Sakjroning serat kandha diterangake Ja’far Sodiq nduwe murid, Pangeran Prawoto. Pangeran Prawoto ngakoni Sunan Kalijaga iku guru anyar.
                Ja’far Sodiq nganggep, Pangeran Prawoto durhaka, amarga ngakoni guru loro, wektu iku pangeran Prawoto dadi raja Demak. Ja’far Sodiq nduweni niyat mateni Prawoto lewat tangane Aryu Penangsang, sing ora liya adhin kandhunge Prawoto.
                “Prawoto kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro,” kandhane Ja’far Sodiq.
                “Aku nduwe niat arep mateni Prawoto.”
                “Arya Penangsang kuwe tak wenehi tugas mateni Prawoto.”
                “Nanging, Sunan, Prawoto menika kakang kula.”
                ”Aku rak peduli, pokoke Prawoto kudu mati.”
                Akhire Arya Penangsang banjur ngongkon wong liya, sing jenenge Rangkud.
                “Rangkud, aku njaluk tulung. Tulung kakang Prawoto kae pateni, Ja’far Sodiq ngongkon aku, ananging aku rak tegel amarga Prawoto kuwi kakangku dewe.”
                “Lha, kenapa kok kudu dipateni?”
                “Ngendikane Ja’far Sodiq, Prawoto kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro.”
                “Ooo…ngono perkarane. Yen ngono aku gelem nglaksanakake tugas.”
                Pangeran Prawoto akhire mati karo bojone, sawise ditusuk rangkud, mayite Prawoto disendhekake ing awake bojone, amarga kekarone diunus pedhang. Rangkud uga mati amarga ora dinyana-nyana, sadurunge mati, Prawoto sempat nguncalake keris Kyai Bethok ing awake.
                Ja’far Sodiq ninggalake Demak kerana awake dhewe. Dheweke kepengin urip bebas kanggo kepentingan agama Islam. Durung jelas kapan cethane Ja’far Sodiq teka ana ing Kudus. Wektu Ja’far Sodiq teka ing Kudus, kutha iku isih dijenengi Kutha Tajug. Raiturut kandhane warga ing kono, sing pisanan mbiyarake kutha Tajug yaiku Kyai Telingsing. Jenenge asli Telingsing yaiku The Ling Sing amarga asale saka negara Cina nanging agamane Islam.
                Crita iki nuduhake yen kutha iku wis maju sadurunge Ja’far Sodiq teka. Crita sing dipercaya, Ja’far Sodiq dadi penghulu Demak sing nyingkir saka Kraton. Ing Tajug, Ja’far Sodiq kawitane urip ing tengah-tengahing jama’ah cilik. Ana sing natsin jamaah Ja’ar Sodiqsantrine ana sing saka Demak. Sakwise jamaahe saya akeh, Ja’far Sodiq banjur mbangun mesjid kanggo ngibadah lan kanggo pusat penyebaran agama. Panggonan ibadah sing diyakini dibangun Ja’far Sodiq yaiku mesjid menara Kudus, sing saiki isih ngadeg. Jenenge Ja’far Sodiq ditulis sajroning tembok mesjid.
                Miturut catetan lan critane masyarakat, Mesjid Menara Kudus iki dibangun taun 956 Hijriyah utawa 1549 M. Sajroning tulisan ana tembung basa arab sing artine “Mesjid Aqso iki didekke ing negara Qudus….” Cetha banget Ja’far Sodiq menehi jeneng masjid yaiku Mesjid Aqso, padha karo Mesjid Masjidil Aqso ing Yerussalem.
                Kutha Tajug uga nduweni jeneng anyar, yaiku Quds, banjur ganti dadi Kudus. Akhire Ja’far Sodiq dhewe luwih misuwur ajejuluk Sunan Kudus. Sajroning nyebarake agama Islam Sunan Kudus manut alirane Sunan Kalijaga, yaiku nggunakkae model “tutwuri Handayani” tegese Sunan Kudus yen nyebarake agama saka sethithik.
                Wektu iku wong Kudus isih dikuwasai penganut Hindhu. Mula Sunan Kudus anggone nyebarake agama kanthi cara nggabungake adat Hindhu mlebu ing Islam. Contone Sunan Kudus nyembelih kebo, ora sapi, wektu Idul Adha. Iku mratandhakake pangormatan Sunan Kudus marang umat Hindhu. Amarga sapi ing agama Hindhu kuwi kelebu kewan kang suci.
                Cara sing menarik supaya penganut agama liya siap ngrungokake ceramah agama Islam saka Sunan Kudus yaiku surat al- baqarah  sing artine sapi. Kerep diwacakake Sunan Kudus kanggo nengsemake sing ngrungokake.
                “Para jamaah nyuwu perhatosanipun, kula badhe maosaken Surat Al-Baqarah ingkang artosipun sapi.”
                Pembangunan Mesjid Kudus ora ninggalake arsitek Hindhu, wangun menarane teteparsitek gaya Hindhu.
                “Sunan kenging napa menara ingkang dipun damel kok bangunane sami kaliyan bentuk bangunan Hindhu?” pitakone salah sawijining santrine Sunan Kudus.
                “Kuwi mratandakake yen awake dhewe isih ngormati agama liya.”
                “Punapa kok kedhah ngaten Sunan?”
                “Amarga warga ing kene akehe nganut agama Hindhu, mula supaya masyarakat ora canggung, aku milih nyebarake agama kanthi cara mangkono.”
                “Oo..mekaten nggih, Sunan.”
                Kejaba menara Kudus deweke uga ninggali mesjid gedhe ing Kudus sing banjur dikenal kanthi sebutan Masjid Menara Kudus. Ing plataran mesjid ana bangunan menara kuno kang endah. Asal usule jeneng kudus miturut dongeng ing kalangan masyarakat yaiku jaman Sunan Kudus tau lunga kaji karo luru ngelmu ing negara Arab. Banjur dheweke uga mulang ing kana. Wektu iku tanah Arab kena wabah penyakit sing medeni, penyakit iku isa waras amarga jasane Sunan Kudus. Mulane wong kana menehi hadhiah karo Sunan Kudus. Ananging deweke ora gelem, mung kenang-kenangan watu sing dijaluk, watu iku saka kuto Baitul Makdis utawa Jerussalem. Mula kanggo tandha pangormatan tau neng kana banjur diwenehi jeneng Kudus.
                “Sunan punika kenang-kenangan saking warga mriki amargi sunan sampun nylametake masyarakat Arab saking wabah penyakit.”
                “Ora usah repot, aku nulung kanthi ati ikhlas.”
                “Punapa Sunan mboten kersa kaliyan hadiah punika?”
                “Ora ngono, aku mung pengen njaluk kenang-kenangan watu saka tanah Arab kene.”
                “Inggih, mangga Sunan, ananging punika namung watu biasa.”
                ”Ora apa-apa.”
                Kebiasaan unik Sunan Kudus sajroning dakwah yaiku acara bedhug dandang kanggo pratandha tekane sasi ramadhan kanggo ngundang para jamaah ing mesjid. Sunan Kudus nabuh bedug terus-terusan. Sakwise jamah kumpul ing mesjid Sunan Kudus ngumumake kapan peesise kawitane pasa pisanan.
                “Para jamaah pasa pisanan diwiwiti sesuk pajar. Mula padha disiapke lahir batin. Yen pasa aja mung ngempet hawa nafsu namun perilaku uga dijaga,” ngendikane Sunan Kudus.
                Saiki acara dandangan isih diterusake ananging wis adoh saka asline. Yen arep ramadhan akeh wong sing padha teka ing sakiwa tengene mesjid, ananging ora arep ngrungokake pengumuman awal pasa, mung kanggo tuku macem-macem jadah sing diedol para pedagang musiman.
                Sadurunge mesjid kuno kuwi dibangun, dheweke nggawe mesjid ing Nganguk, yaiku mesjide Sunan Kudus kang pisanan. Sajroning crita sakdurunge Sunan Kudus dadi pemimpin ing Kudus ana sawijining tokoh kang misuhur yaiku kyai Telingsing, amarga deweke wis tuwo pengen luru gantine.
                Sawijining dina kyai Telingsing ngadek lingak-linguk ujug-ujug Sunan Kudus saka kidul, banjur mesjid dibangun kanthi wektu kang cepet, malah ana sing kandha mesjid iku ujug-ujug ana terus diarani Mesjid Tiban. Banjur desa iku dijenengake Nganguk, mesjide dijenengi Mesjid Nganguk Wali.
                Sajroning crita masyarakat ing kono menara Kudus lan lawang kembar iku dibungkus saputangan kang digawa saka tanah Arab, ana sing kandha maneh lawang kembar pindhahan saka Majapahit.

JOPO MONTRO JOWO

Sasmitaning Gaib
Sajroning sasi Sura 1937 Jawa

  1. AJI PUDHAR JATI
Sun matek ajiku pudhar jati
Ndamar sasi ngabut ijo
Ngrerepi lumiyating kodrat
Manunggaluh pangesuh
Mijil saking manoning wulu salamba
Titis tatas trengginas
Manceping kuku
Bareng waluyaning jati
Jumedhul lan tumuju ing swarga gandhul kang ana ing.....

  1. AJI RAJUT SAYUTA
Srigalih srigana balungkerti panjerwénda
Kun kusnun kamiraga limahela angkerut
Lobang sohanara manghikat tanang gaib
Gabu guré sénawa réyasa tumedhuh mariling
Bumi liyap-liyup tami timanintrim
Hong suwéru, hong suwéla, hong sengkang mercu buana

Carane : nganggo yuyu ditaleni pucuking janur, tancepke pinggiraning peceren. Maca mantrane ping 11, wektune bakda maghrib-isya. Hio dicekel madhep umah.
Gunane : nggo nyekel bangsaning alus kayata; tuyul, slemet, tongtongsot, buta abang.
Alate : yuyu, hio, janur 2.

  1. AJI PAWUJUD (kyai pangudal jagad)
Lir-kilir kilur kumbang, kumbangé janur
Cah cilik turu kasur ibuné kondur
Le kondur wau dalu, dioyak gotsu
Gotsuné gotsu jénggot, sing duwé sarbot
Sarbot sarbot séta, lé turu ngliga.

Alate : kembang telon, minyak tala (lenga mambu)

  1. AJI TUNGGAK SEMI
Hong Ywang kala dharma 3x
Hong Manik hingkang kara
Setiaji mring kartika yuwana dharma
Tembang tadhah sariraning bumi
Ngantariksa mring swara kandha
Hong salulabang
Hong swéha damang
Hong kasuring kasantikan

Carane : nglinang sukma, tangan saluku tunggal skil njejak bantala, nutup babahan hawa sanga, mantra diwaca 9x selama 21 dina. Pas weton.

  1. AJI PANUNTUN
Sun matek ajiku panuntun
Ratu-ratuning gaib titahing dzat kang wekas
Mbithi pujangga netra hangeneng ngenering kartika
Dwi wasésa-wasésaning jagad-jagading tunggal
Nebak napak mawi punarpa carita
Lahumahéra, lahumahésa, damar dinamat
Hong sampyuh sekaring jagad, hong sekar téja tamulagiri
Kanthi-kanthiling sikep, samahumul biliridhoi anawangsa saluilla
Byar pinetep kuncara ing galih, kyai wiratapa, kyai jaladara, kyai bintisaluka
Kyai anggawarna, sigrang anahulu lia abulitang
Hong...9x

Carane ; diwatek jam 1 wengi.

  1. AJI SLAMET SANGGAR BINTANG
Bismillahirrohmanirrohim
Allahu badan ingsun, panjuru papat
Pangesuhing raga dadi, sanghyang tunggal pancering memanon luh
Salamba, déwi sekartaji panggiring naya mahakungkung sabdanira
Pluk ciplak cipluk cariking kamardikan
Panjidhadhap wuni taménging kautaman
Ersih kendalining mustakalèka, ngrebebeng nggarutama liyah mahpah
Lalikung kurudisiwi sambrur sarakadamah, liya-liyu pardédénarap
Siyong weliyemsi kohang menta ijo
Girlabu gor gatru gilang panolèh skatimahing maha suci

Carane ; diwatek jam 03.30
Godhong dhadhap diselehke dada
Godhong waru diselehke bun-bunan
Godhong sawo nggo lemek

  1. MANTRA-MANTRA LIYANE
Sekar langit kang linuwih
Niup baskaraning kala mangsa
Tumeka ing kartika pandulu jati
Yaiku tawange sedhah suci 27x

Kyai Sangga langgit kersaa panjenengan ngrawuhi wontening jagad kawula
Ngesthi tunggal mring daya-dayaning kul rembulaning jagad kang suminar mbabar
Pepadhang si ponang jabang.......ngesthi tama.

Rabu, 01 Agustus 2012

Memayu Hayuning Bahwono

Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan pribadi, samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku kaluhuran Gusti sinawung sekar kesumastuti.

Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan


1.  Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan sanyata, lelabuhan panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara wening, pinarcaya ing kodrat, tumuli manekung, sinerat pustaka rasa, sing prayitna lamun harsa manjing budi, memayu hayuningrat.

2. Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa, minangka panunggal dzate, panyerat karya hayu, rahayune manunggal kardi, pakaryaning Pangeran, aneng budi luhur, panunggaling cipta rasa, miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti tunggal

3. Lelabuhan  kang minangka  wangsit,  jumenenge  Sang  Saka  makarya, hanglabuhi sira kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna jati, heninging wardayanya, hambeging aluhur, kinarya labuh Negara, marma sigra sinerat pustaka iki, dadya kawuningana

4. Kang  hamaca  layan  kang   marsudi,  ing  wanci  iki  uga  binuka,  kawruh  pangawikan  dzate,  binuka telenging kalbu, pambukaning warana ghaib, kunci nanpa nugraha, sempurnaning laku, memayu hayuning jagad, Nuswantara papan panunggaling ngilmi, sempurnane ngagesang

5. Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya, sing pada gentur tapane, tetep ngawula laku, nulad marang citraning Gusti, kang ana ing saben titah, dadi srananipun, rahayu kang jinangka, kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir sambekala.

6. Rikalane  sumujud  nyawiji, jumujug  marang  ngarsa  Pangeran, Gusti  Kang  Maha Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring samukawis, sakabehing lelakon, sumarah Hyang Agung, tumurune kanugrahan, hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku tama.

7. Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya, ngetingalna labetane, hayu sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati, ngenut krenteging manah, suba sitanipun, ing pundi dununge gesang, kang sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing salaminya.

8. Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran, tan ginggang langgeng anane, duh tumitah sedarum, gegandengan zaman puniki, yen harsa urip mulya, labuhana iku, jumeneng pangawak teja, hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu makuta rama.

9. Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng Pangeran, prayitna ing panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer pusering budi, jembaring jagad raya, bumi langit jumbuh, sanadyan durung priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil , hambega paramarta.

10.  Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung sejangkah, ngemban dawuh panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe tentrem hayu, saisine jagad raya, nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka ngesti tunggal.

11.  Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng lampah, dumadiya saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna jati, anane wus tumedak, kabeh laku hayu, yen ginulang dadi srana, kabeh mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang pada priksa.

12.  Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya, sagung pakaryan wulangreh, papan dununge kawruh, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, lan pakaryanipun, dadya nyarira manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir sambe kala

13.  Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang, kasempurnan dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan ginanda yekti, rinasa jroning nala, panggraita jumbuh, panca driya sung panunggal, kaluhuran katresnan Gusti manunggil, lelangen jroning rasa.

14.  Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah, kataman branta wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang binangkit, ginugah mring Pangeran, Gusti Maha Agung, tetela lamun sanyata, katetepan kasempurnaning dumadi, memayu hayuningrat.

15.  Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang Kuwasa, binuka kalbu weninge, wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan jati, katresnan yekti bisa, gawe tentrem hayu, duh kesuma jati srana, tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.

16.  Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni budi luhur, patembaya suwita Gusti, tumekeng pecat Suksma, netepi mring dawuh, hanresnani Pangeran, hanetepi jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.

17.  Nyata  lamun  lelabuhan  suci, ingkang  bisa  gawe tentrem jagad, rahayu pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni Jagad Raya, saisine kapurba wisesa Aji, Purwa Madya Wasana.

18.  Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut laku jantrane, nadyan sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati, iku amung sarana, murih tansah hayu, kasinungan katentreman, iku wajib den persudi kanti becik, kinarya dadi srana,

19.  Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa, tentrem ing lahir batine, kasinungan lelaku, guyub rukun netepi wajib, hambangun Nusa Bangsa, lan Negarinipun, murih hayu kang jinangka, lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu rahayu ing rat

20. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa, lelabuhan panyerate, bawana gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh para kadang ingwang, ywa kongsi kalentu, iki pepakon kang ana, den agema tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.

BY SETYO KRIDHO BUDOYO
BONGKORAN